Maca teks Jawa pancen ora gampang. Prelu nggatekake aksara nglegenane, aksara pasangan, aksara rekan, aksara murda, sandhangan, lan liya-liyane. Mung kanthi gladhen kang ajeg kang bisa njalari bisa maca kanthi lancar. Para siswa ora kena mung pasrah awit rumangsa angel nanging kudu mbudidaya gladhen maca lan nulis kanthi taberi. Sapa kang bakal nguri-uri budaya tilarane para linuhung yen dudu para siswa?
Nalika nyinau aksara Jawa, adhakane para siswa bakal tepung karo bedhahan utawa istilah transliterasi.Transliterasi iku ngganteni utawa nyalini tulisan, saka aksara siji tumuju aksara liyane. Upamane tulisan aksaraJawa disalini dadi aksara Latin utawa sawalike.
Cathetan Wigati :
Jinise Pada lan Panganggone
Cathetan Wigati:
Aksara Murda
Murda tegese sirah. Aksara Murda = aksara sirah utawa aksara gedhe (huruf kapital). Aksara Jawa ( hanacaraka ) kuwi ora duwe aksara gedhe. Kabeh aksarane padha. Supaya ana banjur dianakake kanthi njupuk aksara mahaprana , aksara kang kudu diucapake kanthi ‗abab akeh‘ (mawa aspiran). Aksara iki anane ing Basa Sansekerta kang aksarane disebut aksara Pallawa, embah buyute Aksara Jawa. Sawise diadaptasi dadi Aksara Jawa , aksara iki ora dadi aksara mahaprana maneh, nanging dadi aksara alphaprana , diucapake kanthi abab kang lumrah bae. Dadi aksara iki ora dianggep aksara anyar, nambahi Aksara Jawa sing cacah 20 kuwi, nanging mung dianggep minangka
aksara Murda (Ind. huruf kapital).
Cathetan : ( kajaba pa, kabeh pasangan manggon ngisor)
Wiwitane aksara Murda mung kanggo pakurmatan wae, tegese mung kanggo nulis asmane wong-wong luhur, jejuluke lan padunungane. Nanging saiki kabeh jeneng becike ditulis nganggo aksara Murda . Sajeneng aksara Murdane siji wae sing manggone ngarep dhewe, yen ora ana ya mburine. Mangkono sateruse.
Aksara Murda ora kena dadi sesigeging wanda. Sing kudune katulis nganggo aksara Murda dadi sigeg , aksara mburine wae sing ditulis nganggo aksara Murda, yen mburine wis ora ana , ya ora usah nganggo aksara Murda.
Tuladha :
Sumber :
- Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
- Sastri Basa Jawa kelas 10














Tidak ada komentar:
Posting Komentar