Senin, 20 Januari 2020

Panganan Tradisional

            Panganan tradisional yaiku panganan sing biasa dipangan marang masyarakat tertentu, dengan citarasa khas sing diterima marang masyarakat kui.

Tuladha teks deskripsi panganan tradisional

Gethuk
            Getuk (gethuk) yaiku tedhan arupa jajanan peken ingkang kedamel saking tela engkang dipun dang lajeng ditumbuk sareng gendhis abrit utawi gendhis krambil lajeng diiris-iris uga biyasanipun dihidangke kaliyan parutan krambil. Getuk niki benten kaliyan getuk lindri, getuk pisang kersaa getuk goreng ingkang ngrupikaken inovasi saking getuk.
      Biyasanipun getuk ingkang dipunsade ing -peken-peken tradisional Jawi dibungkus kaliyan godhon pisang. Getuk niki nggadhahi werni kecoklatan ingkang asalipun saking gendhis abrit. Getuk biyasa niki langkung mirah saking jenis getuk sanese kados getuk lindri uga getuk pisang kersaa getuk goreng.

Klepon
        Klepon nggeh menika satunggal tedhan tradisional ingkang kedamel saking uwos ketan ingkang di bentuk kados bal lit kaliyan isi gendhis Jawi lajeng digodhok lebet toya lan dipuncawisaken kaliyan parutan krambil.
          Klepon ngrupikaken salah satunggal saking aneka jajan peken uga paling kathah dipunremeni amargi nggadhahi sifat ingkang khas menawi dipuntedha, yaiku muncrat gendhisipun uga raosipun legi, gurih uga eca. Cara nedha klepon yaiku setunggal wiji klepon dipuntedha lebet sapisan kajengen gendhisipun mboten jenes.

Utri
     Utri yaiku tedhan tradisional ingkang didamel saking singkong uga gendhis abrit lajeng dipunmangsak kaliyan cara di kukus, raosipun echo lan legi amargi gendhis Jawi nanging mewahi ditambah ager-ager bubuk uga santan rasane dados nyaged tekstur ingkang lembat, kenyal, manis uga gurih.

Mendut
          Mendut yaiku kue teles tradisional khas Jawi ingkang raosipun eca kaliyan tekstur kenyal amargi kedamel saking uwos ketan dipunremeni kathah tiyang. Kue mendut arupi ijem dibungkus kaliyan godhong pisang uga disukani kuah santen ing salebete.

Nagasari
        Nagasari yaiku sawarni kue ingkang kedamel saking glepung uwos, glepung sagu, santan, uga gendhis ingkang diisi pisang. Kue niki biyasanipun dibungkus kaliyan godhong pisang lajeng dipun adang.
          Kathah sanget jenis saking nagasari antawisipun nagasari pethak, dipundamel tanpa campuran pamerni, namung kaliyan santan. nagasari abrit, dipundamel kaliyan campuran gendhis abrit dados pamerni. nagasari biru, dipundamel kaliyan campuran sekar telang (Clitoria ternatea) dados pamerni. nagasari ijem, dipundamel kaliyan campuran godhong suji ingkang dados pamerni.

Onde Onde
          Onde-onde yaiku satunggaling tedhan ingkan kedamel saking glepung terigu utawia glepung ketan ingkang digoreng utawi digodhok uga raenipun disukani kaliyan wiji wijen. Enten ngrupi-rupi variasi saking onde-onde menika, ingkang paling dipuntepangi nggeh menika onde-onde ingkang kedamel saking glepung ketan uga ing lebetipun diisi kacang ijo.
          Sejarah onde-onde saged ditelusuri ing Tiongkok kala zaman dinasti Tang, ing pundi tedhan niki dados kue resmi daerah Changan. Tedhan niki lajeng dipunbekta dening pandatheng ngrika menuju datheng daerah kidul Cina, lajeng berkembang wiyar ngantos daerah-daerah Asia wetan uga tenggara termasuk Indonesia menika




Sumber :
  • https://brainly.co.id/tugas/13977874

  •  https://www.sesorah.com/2016/08/kumpulan-deskripsi-makanan-tradisional-bahasa-jawa.html?m=1

Crita Rakyat

A. Crita rakyat
            Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan,utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute, Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot),
sudhut pandhang, lan amanat.
           Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane
prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
             Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

Titikane crita rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e.Wangu tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane

Mupangate crita rakyat yaiku:
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo Para kang maca.

Unsur Crita Rakyat
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata:
 a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan panggonan lan sosial budaya.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.

Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha,lan dongeng.
a. Mitos
         Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
          Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang,Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
C. Dongeng
      Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun,Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

B.Sinopsis
        Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe.Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a.Tema: gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur: lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.


Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Aksara Jawa


        Maca teks Jawa pancen ora gampang. Prelu nggatekake aksara nglegenane, aksara pasangan, aksara rekan, aksara murda, sandhangan, lan liya-liyane. Mung kanthi gladhen kang ajeg kang bisa njalari bisa maca kanthi lancar. Para siswa ora kena mung pasrah awit rumangsa angel nanging kudu mbudidaya gladhen maca lan nulis kanthi taberi. Sapa kang bakal nguri-uri budaya tilarane para linuhung yen dudu para siswa?

     Nalika nyinau aksara Jawa, adhakane para siswa bakal tepung karo bedhahan utawa istilah transliterasi.Transliterasi iku ngganteni utawa nyalini tulisan, saka aksara siji tumuju aksara liyane. Upamane tulisan aksaraJawa disalini dadi aksara Latin utawa sawalike.

Cathetan Wigati :
Jinise Pada lan Panganggone







 Cathetan Wigati:
                      Aksara Murda
   Murda tegese sirah. Aksara Murda = aksara sirah utawa aksara gedhe (huruf kapital). Aksara Jawa ( hanacaraka ) kuwi ora duwe aksara gedhe. Kabeh aksarane padha. Supaya ana banjur dianakake kanthi njupuk aksara mahaprana , aksara kang kudu diucapake kanthi ‗abab akeh‘ (mawa aspiran). Aksara iki anane ing Basa Sansekerta kang aksarane disebut aksara Pallawa, embah buyute Aksara Jawa. Sawise diadaptasi dadi Aksara Jawa , aksara iki ora dadi aksara mahaprana maneh, nanging dadi aksara alphaprana , diucapake kanthi abab kang lumrah bae. Dadi aksara iki ora dianggep aksara anyar, nambahi Aksara Jawa sing cacah 20 kuwi, nanging mung dianggep minangka
aksara Murda (Ind. huruf kapital).



Cathetan : ( kajaba pa, kabeh pasangan manggon ngisor)
      Wiwitane aksara Murda mung kanggo pakurmatan wae, tegese mung kanggo nulis asmane wong-wong luhur, jejuluke lan padunungane. Nanging saiki kabeh jeneng becike ditulis nganggo aksara Murda . Sajeneng aksara Murdane siji wae sing manggone ngarep dhewe, yen ora ana ya mburine. Mangkono sateruse. 
    Aksara Murda ora kena dadi sesigeging wanda. Sing kudune katulis nganggo aksara Murda dadi sigeg , aksara mburine wae sing ditulis nganggo aksara Murda, yen mburine wis ora ana , ya ora usah nganggo aksara Murda.
Tuladha :







Sumber :

  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
  • Sastri Basa Jawa kelas 10












Tradhisi Budaya Jawa

     Teks eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks eksposisi didhasari
karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi pawadane/alesane pangrakit dhewe tanpa mbandhingake pawadane wong liya.

Teks eksposisi tedhak siten
                          TEDHAK SITEN
        Tedhak siten iku salah sawijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dina. Nalika iku bocah lagi sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina pisan. Tedhak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak" utawa idak tegese mudhun lan "siten" saka tembung siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni arti ngidakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep.
      Upacara tedhak siten nduweniteges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan kang apik lan becik ing bumi lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa bumi wis
menehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing budaya Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean sing ora becik dianakake upacara tedhak siten.
     Kaya dene upacara adat liyane, tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe,
yaiku:
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake
suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a) pari sabengket
b) kapuk sabengket
c) piranti nulis
d) bokor kang diisi beras kuning
e) werna-werna jinis dhuwit
f) mas-masan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang
6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-
undhakane urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon.
Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang werna-
werna.
8. Bancakan, kayata sega gudhangan (urap-urap) sing didumake marang para
tamu sing rawuh.

  Tata carane upacara tedhak siten, yaiku:
   Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak jadah 7 werna kang
kagawe saka ketan. Werna-wernane, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan
jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Iku
pralambang tumrap bocah kang bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku ora
gampang nanging kabeh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
    Kang kaping pindho, bocah dituntun munggah andha kang kagawe saka wit tebu "Arjuna" banjur mudhun maneh. Tebu saka ukara "antebing kalbu" tegese yaiku tekad
ati kang mantep. Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya Arjuna kang nduweni watak satriya lan nduweni tanggung jawab. Lelakone apik lan seneng tetulung, mbela kabeneran, lan bekti marang negara.
      Kaping telu, yaiku bocah dituntun kanggo mlaku ing wedhi (pasi). Bocah iku
nyeker-nyekerake sikile ing pasir, kang nduweni teges nggolek pangan. Karepe bocah bisaa nyukupi kaperluane dhewe menawa wis gedhe.
  Kang kaping papat, bocah dilebokake menyang kurungan kang digawe apik lan
dilambari klasa. Ing njerone ana maneka werna bandha-bandha, kaya pari sabengket, kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sa jinising mas-masan utawa rerenggan. Kurungan nglambangaken donya, dadi
dikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka
pakaryane kang dipilih wiwit cilik.


    Kang kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit
logam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
   Kang kaping enem, yaiku bocah wau diadusi nganggo banyu setaman kang wis
dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga, lan kanthil).
    Kapitu, kang pungkasan urutane upacara, bocah didandani nganggo klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane. Karepe ing uripe, bocah iku bisa arum jenenge lan bisa ngarumake jeneng kaluwargane.
     Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang Gusti Kang Akarya Jagad lan
bocah bisa urip mandiri. Lan bubar iku , para tamu bisa ndhahar panganan kang wis disuguhake.

 Ciri-ciri wacan eksposisi:
  • Arupa wacan informasi.
  • Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
  • Wasananing wacan ana penjelasan.
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.
Jenis Wacan eksposisi:
  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tuladha.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.
Carane nulis wacan eksposisi:
  1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
  2. Nemtokake tujuwan.
  3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
  4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
  5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
Jenis Paragraf eksposisi:
  1. Eksposisi Definisi
  2. Eksposisi Klasifikasi
  3. Eksposisi Klasifikasi
  4. Eksposisi ilustrasi
  5. Eksposisi Perbandingan
  6. Eksposisi Laporan


Sumber:

  • http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_sit%C3%A8n
  • http://sihsusetyaningtyast.blogspot.com/2012/03/tedhak-siten.html)
  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
  • https://belajarbahasajawa2013-wordpress-com.cdn.ampproject.org/v/s/belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/11/wacan-eksposisi/amp/?amp_js_v=a2&amp_gsa=1&usqp=mq331AQCKAE%3D#aoh=15791744272863&referrer=https%3A%2F%2Fwww.google.com&amp_tf=Dari%20%251%24s&ampshare=https%3A%2F%2Fbelajarbahasajawa2013.wordpress.com%2F2013%2F12%2F11%2Fwacan-eksposisi%2F



Geguritan

      Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncen 
tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude 
wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern. 
      Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging 
uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru 
wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan,lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan. 
     Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yen cakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karo geguritan? Tuladhane tembang dolanan lan tembang campursari kaya ing ngisor iki.
Tuladha tembang dolanan:

    SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang solo
leh-olehe payung motha
mak jenthit lololobah
uwong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit

Tuladha tembang campursari:

    KUNCUNG
(Anggitane Ranto Edi Gudel)

cilikanku rambutku dicukur kuncung
kathokku saka karung gandum
klambiku warisane mbah kakung
sarapanku sambel korek sega jagung
kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung
jaman dhisik durung usum sabun …, (pabrike rung dibangun)
andhukku mung cukup andhuk sarung
dolananku montor cilik saka lempung
pis holopis kuntul baris
rekasane saiki wis
pis holopis kuntul baris
gegere gek mbok ndang uwis
Reff. 
 tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
 aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
 tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
 bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter
ha na ca ra ka
iki crita jaman semana
da ta sa wa la
iki crita saka wong tuwa

tuladha geguritan :

       PATULADHAN
 Dening: Davit Harijono

kang mimpin 
oraa ana ing ngarep
nanging cahyaning
patuladhan iku kudu
ngaton mangejawantah
yen wus madhep mantep
tegese tegen
ngendhaleni panguwasa
nyekel pusara
ya pusakaning adil
yen jirih wateke
mung bakal tansah
singidan dhedhemitan
samun kang dadi
patuladhane kuthung
pancen kang 
mimpin iku dudu
empuke kursi kok
apamaneh kerta aji
angen-angen kurang duga
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu
awit karsaning bumi iki bisaa lestari
ing tentrem lan ing makmur
manitis sukmaning kusuma bisaa
ngambar arum saindenging nuswantara
*Panjebar Semangat 12, 22 Maret 1997



 

Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

Jenis - jenis ing Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

MACA ENDAH GEGURITAN
       Maca endah iku sawijining ketrampilan basa kang nggandhengake unsur basa lan kaendahan utawa seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil lan 
apik yen para siswa wis bener lan pener ing bab basane (lafal, intonasi, andhegan, lan 
sapanunggalane) lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solah-bawa, wirama,lan sapanunggalane). Ana sing luwih penting maneh, maca endah geguritan iku tujuane sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling, lan kaendahaning geguritan sing diwaca.
        Amarga geguritan iku mapan ing alam kabudayan Jawa, kabeh mau kudu didhasarake wewatakan, tatakrama, lan sopan santun Jawa. Maca geguritan iku kudu njawani.
Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku:
1. Geguritane kudu wis ditemokake struktur lair-batine (interpretasi geguritan)
2. Geguritane diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bagean 
kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.
3. Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan tandha andhegan. Yen perlu geguritan iku 
bisa ditulis maneh manut interpretasine para siswa.
4. Kanggo gladhen, geguritan mau diwaca manut tandha pamaca lan tandha andhegan, 
uga katrangan solah bawane. Gladhen dianggep cukup yen para siswa wis bisa kanthi 
lancar lan ora rumangsa isin, kikuk, kaku, salah tingkah nalika maca endah geguritan.

Vokal/Swarane
Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab ing ngisor iki :
1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. 
3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing 
pengin diwedharake.
4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi 
kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, 
swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
7. andhegan : andhegan = jeda (Bahasa Indonesia), yaiku pedhotane tembung lan
ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.
8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).

Solah Bawane
  Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake geguritan apa sing lagi kawaca, solah bawa 
kudu bisa :
1. komunikatif: maca endah geguritan iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati supaya bisa nggeterake atine pamirsa.
2. ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang struktur lair-batin geguritan mau 
diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa kang becik 
lan endah.
3. konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab 
kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.



Sumber :

  • Sastri Basa Jawa kelas 11
  • http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1


Panganan Tradisional

            Panganan tradisional yaiku panganan sing biasa dipangan marang masyarakat tertentu, dengan citarasa khas sing diterima marang m...